Thursday, November 10, 2011

Cerita Tentang Banyuwangi (Berbahasa Jawa)

0 comments
BANYUWANGI

Ana ratu jenenge sindureja, duwe pepinginan anggone dadi rati ing Nusa Jawa sisih wetan bisa lestari ora ana kang ngganggu gawe. Duwe patih kang setya arane Sidapaksa. Kanggo srana supaya kaleksanan pepinginan mau, sang ratu dhawuh Patih Sidapaksa supaya golek sranane, yaiku ing Gunung Ijen ana kembang kang duwe kasiyat aneh. Apa kang dikarepake sing duwe bakal keturutan. Nanging yen kekarepane ora besik, kembang mau ilang. Ing mangka Gunung Ijen iku adoh lan angker, mula ora ana wong kang bisa tekan sandhuwure Gunung Ijen.

Lakune Patih Sidapaksa ing dalan ora kacarita. Tekan ing Gunung Ijen bisa kasil methik kembang mau, lan digawa mulih katurake ratu Sindureja. Sejatine Prabu Sindureja duwe pwpinginan melik bojone Sidapaksa. Manut petungan, Sidapaksa ora bakal bisa kasih methik kembang aneh. Jalaran Gununge adoh lan papane angker, ora ana wong kang bisa munggah Gunung Ijen. Nanging nyatane Sidapaksa bisa kasih sanadyan kanthi wektu kang ora sedhela, yaiku nganti telng taun. Ing mangka bojone lagi mbobot nganati nglairake Sidapaksa durung mulih. Kahanan mau pancen digawe maratuane, jalaran ora cocog karo mantune, saengga duwe tumindak mbujuk ratu Sindureja supaya golek kembang aneh ing Gunung Ijen.
Nyatane Sidapaksa bisa mulih lan kasil, sanadyan nganti telung taun suwene. Sawise ngaturake kembang marang ratu Sindureja, mulih kepengin banget ketemu kulawargane, lan manut petungan anake wis lair. Tekan omah dipethuakake maratuane, lan ngandhakake yen anake wis lair, nanging merga tindake bojone, bayi  banjur  dibuwang menyang kali. Saiki bojone kaya wong edan saben esuk nganti sore menyang kali nunggoni papan naliko anake dicemplungake.
Sidapaksa ora sida mlebu omah, nanging banjur menyang kali nggoleki bojone. Bareng ketemu diajak mulih. Bojone nyritake lelakone sing bener sawise Sidapaksa lunga. Nanging merga Sidapaksa sadurunge wis dicritani maratuwane, mula keterangen bojone mung dianthuki bae karo mikir-mikir, sing endi kang kudu ditindakake lan endi sing digugu. Jalaran katrangan kang ditampa saka maratuwane lan bojone ora padha, antarane anak dicolong maratuwa lan dicemplungake kali, karo dicemplungake bojone dhewe, isih ditambah yen bojone Sidpaksa serong karo Ratu Sindurejo.
Atine Sidapaksa bingung. Panggodhane setan wiwit teka, mbujuki supaya bojone dipateni. Swara aneh terus keprungu. Saya benter swara mau. Saya ndesek pambujuke setan, mula bojone banjur digeret menyang kali. Dene sing digeret ya mung manut bae. Sadurunge dipateni, ora ana swara maneh kang sok krungu sok ora. Satekane pinggir ali, ora suwe bojone Sidapaksa wis ambyur ing kali kang banyune butheg lan mambu. Sidapaksa kaget bojone ambyur ing kali, gragapan, nanging wis kebacut nyemplung dadi lan tiwase.
Telung sasi karo kadadean mau, ing kali kono njedhul kembang putih loro, siji cilik, lan sijine gedhe duwe ganda arum lan wangi. Mrantandhani kembang cilik iki kadadeane anake Sidapaksa, dene sing gedhe kedadean saka bojone. Kembang sing gedhe mentiyung kaya ngemong sing cilik. Wiwit kuwi banyune malih grembyang ambune wangi lan arum.
Kabar anane kembang mau Sidapaksa krungu banjur niliki menyang kali lan weruh dhewe satengahe kali ana kembang putih loro gedhe lan cilik sing mentiyung nyedhaki sing cilik, nganti ndomblong Sidapaksa weruh kahanan mau. Nganti sedina mruput anggone nunggoni, malah nganti tekan bengi isih ana kono. Sadurunge mulih krungu swara, yen kembang mau kadadeane bojo lan anake dhewe. Jalaran anake dicolong embahe lan dicemplungake, nganti dadi lan patine.
Sidapaksa ngrumangsani luput dene kabeh tindake ora kapikir kanthi ati kang sabar, nanging kabeh mau wis ora kena digetuni, anane amung sumarah, pasrah marang Pangeran. Sadurunge Sidapaksa lunga lunga ninggalake kali, dheweke ngucap, manawa mbesuk ana rejaning jaman, dhaerah kene dijenengake Banyuwangi.
(Sumber : Pitutur Slamet Rahardjo)

0 comments:

Post a Comment

Tinggalkan Komentar anda disini